Kamis, 30 April 2026

Kerajaan kandis

 ng wektu sing wis suwe banget, kira-kira sadurunge taun Masehi, ana sawijining kerajaan kuna ing tanah Sumatra sisih tengah-kulon, saiki kalebu wilayah Riau, Sumatera Barat, lan Jambi. Jenenge Kerajaan Kandis, diarani minangka salah sawijining kerajaan paling tuwa ing Nusantara iki.

 

Kerajaan iki diadegake dening Maharaja Diraja. Sawise tekan ing Bukit Bakau, dheweke mbangun kraton megah sing diarani Istana Dhamna minangka pusat pamrentahan. Sawise seda, tahta diterusake dening putrane, yaiku Darmaswara utawa luwih kondhang kanthi gelar Datuk Rajo Tunggal. Raja iki nduweni pusaka keris sing gagange wujud endhas Garuda, lan dikenal minangka panguwasa sing adil lan wicaksana.

 

Kahanan ing Kandis iku makmur banget. Tanah lan alas ing kono sugih barang: ana emas, perak, damar, rotan, lan uga sarang manuk walet. Barang-barang iku didagangake nganti tekan Semenanjung Malaka, mula kasugihan kerajaan saya tambah akeh. Masyarakat urip tentrem, agama Hindu lan Buddha dianut kanthi bebarengan, lan adat istiadat dijaga kanthi apik.

 

Ing abad kaping 14 Masehi, nalika jaman jayaning Majapahit, jeneng Kandis isih kacathet ing kitab Negarakretagama sing ditulis dening Mpu Prapanca. Ing kitab kasebut, wilayah Kandis kalebu salah sawijining wewengkon sing ana ing sangisore pangayoman utawa jajahan Majapahit. Nanging suwe-suwe, kekuwatane saya suda lan pungkasane kerajaan iki ilang saka cathetan sejarah, sanajan crita babagan kamulyane isih tetep ana ing tuturan rakyat nganti saiki.

 

Saiki, jejak-jejak Kerajaan Kandis isih bisa ditemokake ing wangun panggonan lan jeneng papan, kayata Tambang Titah, yaiku bekas tambang emas sing digawe miturut dhawuhe Raja Darmaswara. Sanajan akeh perkara sing isih dadi misteri, nanging crita iki tetep dadi bukti yen ing jaman biyen wis ana peradaban gedhe ing bumi Nusantara.

0 komentar:

Posting Komentar